Tarzan Lompong
Leeyung si tarzan lompong…
Dino kuwi, koyo biasane leeyung sing lagi kerjo ono tlatah utowo negoro jiran malaysia,ora nduweni pikiran utowo firasat bakal nemui kedadian iki,nanging yo kabeh perantauan sing kerjo karo leeyung yo wis mangerteni resiko dadi pekerja ilegal neng malaysia,yokuwi sewaktu-waktu bakal nemahi utowo ngalami grebegan utowo operasi polisi diraja malaysia.
Jam limo sore,wis wancine kerjo rampungan,leeyung sing lagi kerjo ono ing Seremban – Negeri sembilan,gage-gage muleh neng kongsi utowo barak,karepe ben oleh kesempatan adus kawitan, mergo,Fasilitas lan sarana pendukung kanggo pekerja,koyo..to sarana kanggo adus,lan WC sing ora memadai,ndadek-ake antri sakwektu arep adus utowo buang hajat, nanging bareng leeyung teko panggonan adus ” ee.. alah,tak rewangi cepet2 balek yo..panggah antri…dasar” guneme.
” antri..antri…wis yo..podo gaple sik wae,timbang nglamun..” ujare koncone
” wah…jan,padahal aku pingin cepet adus gek arep blonjo” leeyung nyauti.
” Ati-ati yung…kowe,gur nganggo anduk ki gek ojo-ojo ora celonoan njero,” pitakone koncone,
” La..arep adus kok..yo mesti wae siap…ora perlu jeroan…he..he..he..” jawab leeyung karo rodo ngece…
Wis sak untoro 1 jam-an leeyung nunggu giliran,sebab koncone leeyung akeh tenan. mergo rodo kesel nunggu,leeyung mutuske mlaku-mlaku sik,metu menyang plataran prabik anyar sing agek digawe. Nanging sak naliko….
” mlayu-mlayu,ono oprasi…mlayu-mlayu,ono operasi…” suaro soko njaban pager
Krungu sworo gaduh kuwi mau leeyung,ora kokean mikir banjur mlayu ngono wae menyang mburi…” waduh …mati aku,arep mlayu menyang endi iki..” leeyung sajak bingung.Sinambi mikir,leeyung yo melu mbengok-mbengok,karepe ngajak mlayu koncone. Konco sak angkatane sing jenenge Rozak,soko bogor sing lagi leyeh-leyeh neng emperan barak krungu sworo pambengok-e leeyung terus cuncat tali wondo…melu mlayu leeyung. Akhire wong loro kuwi mau tunggang langgang,mencolot rono- rene karo nandang wedi lan bingung. Leeyung sing gur panganggon anduk kuwi,yo..ora sadar koyo ngopo dadine umpamane anduke kuwi kecenthel,utowo ceblok padahal dewek-e jan ora ngganggo celono dalem alias bugil. ” mrene..mrene..mencolot ” oiii..oiii..” suoro pating krosak lan jleritan krungu kono – kene.Rupane koncone leeyung sing jumlahe ono 20 an wong kuwi kabeh milih mlayu ndelik neng kebon sawit sing cedak pabrik.
Leeyung lan koncone kuwi mau..terus ambles mlayu ing kebonan..nyelot adoh-nyelot adoh,la…dasar wong lagi keweden jan tenan ora disadari…lagi pencolotan kuwi mau anduk sing diblebetak-ke neng wetenge kecanthol tunggak kayu induh, la….prucut….leeyung dadi wudo blejet…playon ono ngalas kebon sawit mobat-mabit..Anu-ne sing ora sepiro..kuwi koyo tlale anak-an gajah mobat-mabit,umpomo ono wong sing ndelok kedadian iki mesti wae kepingkel- pingkel raisoh diempet…koncone yo ndilalah..kok mlayu luweh banter dadi yo…ora ngerteni kedadian iki.
Kiro-kiro 10 menitan,suasana dadi sepi…ora ono suoro utowo wangwing kemliwere wong, oprasi polisi malaysia yo..ora jelas ketoro.leeyung yo,terus terpisah karo rozak koncone mlayu mau,sak naliko ” Ha..ha..ha..ha,Toblas-toblas…waduh…waduh anduk-ku….anduk-ku neng endi….” rupane leeyung agek wae sadar nek ora penganggon opo-opo.
” sial tenan…nasip-nasip,wong arep golek rejeki wae okeh tenan cobane,ee…yo tapi jenenge wong ilegal ” leeyung nggerutu dewe. ” zak..zak…zak…zak ” leeyung mindek-mindek nggoleki koncone mau.” la kepiye iki mengko nek ora ketemu konco,wah..ojo – ojo gek malah kepergok wong wedok,wadoooooh..piye iki” ujare,…”aku mesti golek akal,ah….koyo tarzan wae …….tak tutupi wae karo godong lompong.Terus brut… tangane nyebrut godong lompong sing okeh thukul neng kebon sawit.
Ora suwe kepungkur…” hahahahaha….,” leeyung ketemu koncone neng dudu rozak, wong loro kuwi podo ngguyu kepingkel-pingkel. Pardi koncone kuwi,ora isoh nahan guyune ndelok leeyung koyo tarzan. La..pardi dewe yo ketok lucu tenan amergo wektu mlayu mau sak jane lagi adus lan sabunan,dadi soko rambut sak kujur isih kebak sabun persis koyo mummi dibalsem,tur.. yo,pardi gur nganggo celono dalem.” di..piye iki,aku isen tenan,gek mengko metune opo yo gur arep narzan ngene iki..” pitakone leeyung. ” tenang wae yung,..mengko awakmu ndelik sik nong grumbulan,ben aku njupuk pakaian,” pardi ngeneng-nengi.
Akhire,diroso cukup aman wong loro mau alon-alon metu soko kebon sawit,leeyung sing ora panganggon kuwi,mlaku ngetutke pardi karepe karo rodo ndelikne awake,isin tenan…”Hahahahahahahahahaha – munyuk…munyuk…” wong loro ger-geran.
singkat cerito,semenjak kuwi leeyung yo terkenal dijuluki tarzan lompong. …..ngakak ora….hahahahaha dasar leeyung !!!
|
|


